Idul Fitri 2025

3 Contoh Teks Kata Sambutan Halal Bihalal dalam Bahasa Jawa yang Unik dan Mengesankan

Contoh teks kata sambutan Halal Bi Halal dalam Bahasa Jawa yang unik dan mengesankan.

Editor: Yuni Astuti
Canva.com
HALAL BIHALAL - Ilustrasi Halal ,Bi Halal yang diedit menggunakan Canva, Selasa (1/4/2025). Berikut ini rekomendasi kata sambutan Halal Bihalal dalam Bahasa Jawa. 

TRIBUNBENGKULU.COM - Contoh teks kata sambutan Halal Bi Halal dalam Bahasa Jawa yang unik dan mengesankan.

Jika biasanya kata sambutan Halal Bihalal menggunakan Bahasa Indonesia, tak ada salahnya jika tribuners ingin menggunakan bahasa daerah salah satunya Jawa.

Melansir dari berbagai sumber, berikut ini contoh teks kata sambutan Halal Bihalal menggunakan Bahasa Jawa.

1. Contoh Teks Kata Sambutan Halal Bihalal Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bapak-ibu ingkang kinurmatan...

Sepindah, monggo kita aturaken rasa syukur dhumateng Allah subhanahu wa ta'ala. Kita sedaya sampun diparingi kenikmatan iman, Islam, lan kawarasan saenggo dinten menika saget makempal wonten acara Syawalan.

Salam lan selawat mugi-mugi tansah pinaringan dhumateng Nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam lan sedaya umat Islam ing dunya ngantos dinten kiamat.

Bapak-ibu ingkang kinurmatan...

Syawalan menika adat utawi tradisi kita sami ing tlatah jawi. Syawalan jangkepi laku ibadah poso ing Ramadhan kala wingi.

Ing mangsa iki, monggo kita sami nyawisake ati kagem nyuwun lan maringi pangapura. Amargi, saben manungsa mesti nate damel kalepatan. Kalepatan menika kadang kala mboten dikersani lan sampun damel anyel ing ati.

Monggo ing dinten menika, kita sami ngapura lan ngikhlasaken. Supados paseduluran kita lestari lan urip kita tansah diparingi berkah.

Mugi-mugi, saking Syawalan menika, kita saged nyenyambung silaturahmi ingkang sae. Lajeng, kita saged nguwatake paseduluran lan nyengkuyung katentreman ing kampung kita. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

2. Contoh Teks Kata Sambutan Halal Bihalal Bahasa Jawa

Assalamualaikum Warrahmatullahi Wabbarakatuh

Ingkang kawulo hormati, Bapak/Ibu lan hadirin sedoyo

Sadereng mlebet dhumateng adicara inti, sumangga kita sesarengan sami ngucapaken puji lan raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT.

Kaping kalihipun mugi-mugi sedaya sholawat saha salam taksih katur dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.

Para rawuh ingkang tansah dipuntresnani Gusti Allah, ing dinten punika, ing kalodhangan ingkang bingah salebeting manah, tepangaken punika kula badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan ingkang rawuh wonten adicara halalbihalal menika.

Salajengipun kula badhe ngucapaken sugeng riyadi, mugi-mugi ing dinten ingkang suci punika sedaya kalepatan kula dalah panjenengan sedaya tansah dipunapura dening Gusti Allah.

Kita sedaya saged mangertosi bilih halalbihalal punika saged dados sarana kagem ngempalaken balung-balung sempal, saengga kita mboten ngantos kepaten obor ingkang njalari kita kecalan sanak kadang.

Para rawuh ugi para sedherek ingkang kula tresnani, adicara syawalan menika kita bakal ngapura-ingapura dumateng liyan. Supados sedaya dosa lan kalepatan kita saged dipunapunten dening Allah SWT. Amin yaa robbal alamin.

Para rawuh ingkang tansah kinurmatan sarta dipun tresnani dening Gusti Allah, wonten paribasan ingkang ngandharaken bilih memitran punika menika saged nambah panjangipun yuswa.

Mugya kanthi adicara punika sageda nyambung tali memitran ugi paseduluran ing nate renggang dados rumaket malih.

Kanthi sambungipun tali memitran ugi paseduluran mugi saged dados sarana tumrap kita nggayuh sedaya kabecikan sarta tebih saking sedaya godha sarta coba.

Pungkasanipun atur, kula minangka ketua panitia ngajab supados adicara ing dinten punika saged lumampah kanthi lancar wiwit purwa dumugi paripurna.

Mugia adicara dinten punika saged migunani sarta paring kabecikan tumrap kita sedaya. Salajengipun kanthi adicara punika kita saged nglebur sedaya kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja ing dinten ingkang minulya punika.

Saderengipun kula pungkasi, menawi wonten tata lampah ugi tata wicara kula ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjeneng, estu kula nyuwun samudraning pangaksami.

Akhirukalam wabillahi taufik walhidayah,

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Baca juga: 4 Contoh Teks Halal Bihalal untuk Sambut Idul Fitri 1446 H, Singkat dan Mudah Dipahami

3. Contoh Kata sambutan Halal Bihalal Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Bapak Kepala Sekolah (nama sekolah) ingkang kinurmatan

Bapak lan ibu guru ingkang kula kurmati

Sarta para kanca ingkang tansah bagya

Langkung rumiyin, monggo ngujukaken raos syukur dumateng Allah SWT. Kanti rahmat lan barokahipun Allah, kita sedaya saget makempal manunggal wonten ing acara halal bihalal (nama sekolah).

Shalawat soho salam mugi-mugi kaunjuk dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang kita tenggo syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir.

Kula minangka ketua panitia ngaturaken sugeng riyadi. Kula ugi nyuwun pangapunten sedaya kalepatan. Mugi-mugi Gusti Allah SWT paring pangapunten lan tansah ngluberaken kabagyan, katentreman, kesarasan, lan kawilujengan dhateng kula lan panjenengan sedaya.

Kula ugi ngaturaken matur nuwun ingkang kathah inggil rawuh panjenengan sedaya wonten acara halal bihalal menika.

Hadirin ingkang dirahmati Allah SWT

Acara halal bihalal inggih menika sarana nglebur dosa. Kula lan panjenengan dados tyang mboten luput saking kelepatan. Amargi menika, kula lan panjenengan saenipun sami-sami ngapuntenaken wonten dinten ingkang bingah menika.

Ing enjing dinten menika, acara halal bihalal badhe dipunisi kaliyan tausiyah dening ustaz (nama). Mugi-mugi pesen-pesen ingkang badhe panjenenganipun aturaken saget manfaat kagem kula lan panjenengan.

Cekap semanten sambutan saking kula. Kula nyuwun pangapunten menawi wonten kelepatan utawi ukanten ingkang kirang kersa. Matur nuwun kawigatosanipun.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

 

Rekomendasi untuk Anda

Ikuti kami di

Berita Terkini

Berita Populer

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved