Maulid Nabi Muhammad

Contoh Kata Sambutan Acara Maulid Nabi Muhammad 2024 dalam Bahasa Jawa Singkat dan Mudah Dihafal

Contoh kata sambutan acara Maulid Nabi Muhammad dalam Bahasa Jawa tersedia melalui artikel ini.

Editor: Yuni Astuti
TribunBengkulu.com
Ilustrasi. Contoh Kata Sambutan Acara Maulid Nabi Muhammad 2024 dalam Bahasa Jawa Singkat dan Mudah Dihafal 

TRIBUNBENGKULU.COM - Peringatan acara Maulid Nabi Muhammad 2024 dalam bahasa Jawa tersedia melalui artikel ini.

Sebentar lagi umat Islam akan menyambut tanggal kehiran nabi atau biasa disebut dengan Maulid Nabi pada 12 Rabiulawal atau bertepatan pada 16 September 2024 mendatang.

Bagi masyarakat khususnya Jawa, biasanya mereka akan menggunakan bahasa Jawa untuk memberikan kata sambutan saat acara Maulid Nabi Muhammad.

Memberikan kata sambutan adalah salah satu agenda yang tidak bisa dilewatkan dalam susunan acara Maulid Nabi.

Untuk kamu yang sedang mencari referensi kata sambutan bahasa Jawa, berikut kami akan referensinya.

Contoh Kata Sambutan Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa 1

Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh..

Alhamdulillahirobbil 'alamin, wabihi nasta'in 'ala umuriddunya waddin, ashsholatu wassalamu'ala asrofil ambiyaa iwal mursalin wa'ala alihi washohbihi ajma'in.

Bapak-bapak, ibu-ibu, sederek kaum muslimin wal muslimat ingkang kinurmatan.

Mangga kita sesarengan ngaturaken puja kaliyan puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring kanugrahan saengga kita saged makempal wonten ing Masjid Al Barokah mriki.

Saperlu ngawontenaken pengetan miyosipun Nabi junjungan kita inggih punika Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kita entosi syafa’atipun ing dinten yaumil qiyamat mangke. Aamiin yaa robal aalaamiin.

Ing dalu punika tanggal 16 September 2024, utawi tanggal 12 Rabiulawal 1446 Hijriyah, sadaya umat Islam saperlu ngaji lan mengeti miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, utawi ingkang limrah dipunsebat Maulid Nabi Muhammad SAW.

Kula minangka ketua panitia pengetan Maulid Nabi ing Masjid Al Barokah mriki, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng jamaah sadaya.

Ingkang sampun nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan ing dalu punika, mugi pikantuk syafa’at saking Kanjeng Nabi, lan Gusti Allah SWT tansah ngluberaken rahmat saha hidayahipun dhumateng kita sadaya kaliyan, kangge gesang kita wonten ing alam akhirat mangke.

Nomer kalihipun, kawulo matur sembah nuwun dumateng bapak ibu lan sederek sedoyo ingkang sampun ngrawuhi acara meniko.

Matur nuwun sanget dumateng bapak kepala desa soho sak perangkatipun ingkang sampun maringi izin ing dalem acoro ing dalu puniko.

Matur suwun sanget dumateng poro kawulo mudo ingkang sampun ngebantu sedoyo tenogo lan pikiranipun sahinggo acara niki saget kelampah kanti sae.

Terakhir, mboten kesupen ngucapaken matur sembah nuwon dumateng masyarakat Desa Rejoagung ingkang sampun maringi bantuan baik matrial maupun spirituil sahinggo acara ing dalu puniko saget meriah kados ngeten.

Kula kinten menggah atur pambuka punika kula cekapi semanten kemawon.

Salajengipun pengetan Maulid Nabi ing dalu punika sumangga kita bikak kanthi waosan “Basmallah “ ….. Bismillahirrohmanirohim….

Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.

Baca juga: 45 Ide Tema Peringatan Maulid Nabi Muhammad 2024 Menarik Cocok untuk Dijadikan Inspirasi

Contoh Kata Sambutan Maulid Nabi Bahasa Jawa 2

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Alhamdulillahirobbil alamin wabihi nasta'inu 'ala umuurinddunya waddiin, wash-shalatu wassalamu 'ala asyrafil anbiya-i wal mursalin, wa 'ala alihi wa shohbihi ajma'in, Amma ba'du.

Ingkang kula hormati Bapak Kiai...

Mliginipun dumateng Bapak Kyai... ingkang dipun tenggo-tenggo wejanganipun saha ilmu nafikipun

Bapak kepala desa ingkang kula hormati... minangka pimpinan administrasi praja.

Ingkang kula hormati sesepuh dalah kasepuhan...

Ugi sedoyo para rawuh ingkang kinurmatan...

Sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, bikaulina tahmid, Alhamdulillahirabil 'alamin. Amargi saking limpahan rahmat, taufik lan inayahipun, kito saged rawuh ing Maulid Nabi tanpa alangan setunggal menapa.

Selawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. ingkang kulo lan panjenengan sedoyo tenggo-tenggo syafaatipun benjang ing yaumulkiamah, Amin.

Bapak saha ibu ingkang kinurmatan…

Keparenga kula ngaturaken sekedhik minangka sesulih saking kadhang-kadhang panitia Maulid Nabi Muhammad saw.

Panitia ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun dhumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun kersa rawuh ing adicara menika. Panitia ugi nyuwun agunging pangapunten, menawi nyawisaken papan saha dhaharan kirang renaning manahipun para rawuh sedaya.

Mugi-mugi lumantar pengetan menika kita sedaya saged sinau babagan Rasulullah saw., panutan ingkang sae. Kawiwitan saking pakulinan ngibadah dumugi aklakul karimah ingkang nggegirisi.

Kajawi saking menika para rawuh sedaya saged mirengaken wejanganipun saking Bapak Kiai... kanthi tliti. Panjenengan saget mendet pitutur langkung sae kagem urip saben dinten.

Ingkang pungkasan, menawi kathah kekirangan anggenipun ngaturaken pangandikan saking panitia, kula nyuwun agunging pangapunten saha nyuwun keikhlana panjenengan sedoyo.

Wabillahi taufiq wal hidayah,

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Kata Sambutan Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa 3

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Innal hamda lillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfiruh, wana’udzu billahi min syururi anfusina, wamin sayyiaati a’maalinaa, mayyahdihillahu falaa mudhilla lah, wamayyudhlil falaa haadiya lah. Asyhadu alla ilaaha illallah wahdahu laa syarika lah, wa asyhadu anna muhammadan ’abduhu warosuuluh. Allahumma shalli wasallim wabarik ’ala sayyidina muhammadin wa ’ala alihi washahbihi ajma’in. amma ba’du.

Para sederek ingkang kinurmatan,

Sugeng rawuh wonten ing acara Maulid Nabi Muhammad saw. ingkang kita lampahi ing dinten menika. Acara punika minangka pangajeng-ajeng kangge kita sami ngetrepake lan ngluhuraken ajaranipun Nabi Muhammad saw.

Mugi kita saged nyawisake ati lan pikiran kangge nyemak piwulang lan makna saking perayaan maulid Nabi punika. Kita ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Allah Swt. ingkang sampun maringi kesempatan kita kangge ngumpul lan mratelakaken rasa syukur dhumateng Nabi Muhammad saw.

Mugi acara punika pinaringan kelancaran lan kebahagiaan, saha dados panglipur dhateng kita sedaya. Mugi semangat lan piwulang saking acara punika saged dados inspirasi kangge tumindak langkung becik lan ngluhuraken ajaran agama.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

  

Berita Terkait
  • Ikuti kami di

    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved