Matur nuwun sanget dumateng bapak kepala desa soho sak perangkatipun ingkang sampun maringi izin ing dalem acoro ing dalu puniko.
Matur suwun sanget dumateng poro kawulo mudo ingkang sampun ngebantu sedoyo tenogo lan pikiranipun sahinggo acara niki saget kelampah kanti sae.
Terakhir, mboten kesupen ngucapaken matur sembah nuwon dumateng masyarakat Desa Rejoagung ingkang sampun maringi bantuan baik matrial maupun spirituil sahinggo acara ing dalu puniko saget meriah kados ngeten.
Kula kinten menggah atur pambuka punika kula cekapi semanten kemawon.
Salajengipun pengetan Maulid Nabi ing dalu punika sumangga kita bikak kanthi waosan “Basmallah “ ….. Bismillahirrohmanirohim….
Wasana cekap semanten atur kula, bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.
Baca juga: 45 Ide Tema Peringatan Maulid Nabi Muhammad 2024 Menarik Cocok untuk Dijadikan Inspirasi
Contoh Kata Sambutan Maulid Nabi Bahasa Jawa 2
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Alhamdulillahirobbil alamin wabihi nasta'inu 'ala umuurinddunya waddiin, wash-shalatu wassalamu 'ala asyrafil anbiya-i wal mursalin, wa 'ala alihi wa shohbihi ajma'in, Amma ba'du.
Ingkang kula hormati Bapak Kiai...
Mliginipun dumateng Bapak Kyai... ingkang dipun tenggo-tenggo wejanganipun saha ilmu nafikipun
Bapak kepala desa ingkang kula hormati... minangka pimpinan administrasi praja.
Ingkang kula hormati sesepuh dalah kasepuhan...
Ugi sedoyo para rawuh ingkang kinurmatan...