Maulid Nabi Muhammad

Contoh Kata Sambutan Acara Maulid Nabi Muhammad 2024 dalam Bahasa Jawa Singkat dan Mudah Dihafal

Contoh kata sambutan acara Maulid Nabi Muhammad dalam Bahasa Jawa tersedia melalui artikel ini.

Editor: Yuni Astuti
TribunBengkulu.com
Ilustrasi. Contoh Kata Sambutan Acara Maulid Nabi Muhammad 2024 dalam Bahasa Jawa Singkat dan Mudah Dihafal 

Sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, bikaulina tahmid, Alhamdulillahirabil 'alamin. Amargi saking limpahan rahmat, taufik lan inayahipun, kito saged rawuh ing Maulid Nabi tanpa alangan setunggal menapa.

Selawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. ingkang kulo lan panjenengan sedoyo tenggo-tenggo syafaatipun benjang ing yaumulkiamah, Amin.

Bapak saha ibu ingkang kinurmatan…

Keparenga kula ngaturaken sekedhik minangka sesulih saking kadhang-kadhang panitia Maulid Nabi Muhammad saw.

Panitia ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun dhumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun kersa rawuh ing adicara menika. Panitia ugi nyuwun agunging pangapunten, menawi nyawisaken papan saha dhaharan kirang renaning manahipun para rawuh sedaya.

Mugi-mugi lumantar pengetan menika kita sedaya saged sinau babagan Rasulullah saw., panutan ingkang sae. Kawiwitan saking pakulinan ngibadah dumugi aklakul karimah ingkang nggegirisi.

Kajawi saking menika para rawuh sedaya saged mirengaken wejanganipun saking Bapak Kiai... kanthi tliti. Panjenengan saget mendet pitutur langkung sae kagem urip saben dinten.

Ingkang pungkasan, menawi kathah kekirangan anggenipun ngaturaken pangandikan saking panitia, kula nyuwun agunging pangapunten saha nyuwun keikhlana panjenengan sedoyo.

Wabillahi taufiq wal hidayah,

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Contoh Kata Sambutan Maulid Nabi dalam Bahasa Jawa 3

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Innal hamda lillah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfiruh, wana’udzu billahi min syururi anfusina, wamin sayyiaati a’maalinaa, mayyahdihillahu falaa mudhilla lah, wamayyudhlil falaa haadiya lah. Asyhadu alla ilaaha illallah wahdahu laa syarika lah, wa asyhadu anna muhammadan ’abduhu warosuuluh. Allahumma shalli wasallim wabarik ’ala sayyidina muhammadin wa ’ala alihi washahbihi ajma’in. amma ba’du.

Para sederek ingkang kinurmatan,

Sugeng rawuh wonten ing acara Maulid Nabi Muhammad saw. ingkang kita lampahi ing dinten menika. Acara punika minangka pangajeng-ajeng kangge kita sami ngetrepake lan ngluhuraken ajaranipun Nabi Muhammad saw.

Halaman
1234
Berita Terkait
  • Ikuti kami di

    AA

    Berita Terkini

    © 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
    All Right Reserved