Idul Fitri 2025
3 Contoh Teks Kata Sambutan Halal Bihalal dalam Bahasa Jawa yang Unik dan Mengesankan
Contoh teks kata sambutan Halal Bi Halal dalam Bahasa Jawa yang unik dan mengesankan.
Ingkang kawulo hormati, Bapak/Ibu lan hadirin sedoyo
Sadereng mlebet dhumateng adicara inti, sumangga kita sesarengan sami ngucapaken puji lan raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT.
Kaping kalihipun mugi-mugi sedaya sholawat saha salam taksih katur dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW.
Para rawuh ingkang tansah dipuntresnani Gusti Allah, ing dinten punika, ing kalodhangan ingkang bingah salebeting manah, tepangaken punika kula badhe ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan ingkang rawuh wonten adicara halalbihalal menika.
Salajengipun kula badhe ngucapaken sugeng riyadi, mugi-mugi ing dinten ingkang suci punika sedaya kalepatan kula dalah panjenengan sedaya tansah dipunapura dening Gusti Allah.
Kita sedaya saged mangertosi bilih halalbihalal punika saged dados sarana kagem ngempalaken balung-balung sempal, saengga kita mboten ngantos kepaten obor ingkang njalari kita kecalan sanak kadang.
Para rawuh ugi para sedherek ingkang kula tresnani, adicara syawalan menika kita bakal ngapura-ingapura dumateng liyan. Supados sedaya dosa lan kalepatan kita saged dipunapunten dening Allah SWT. Amin yaa robbal alamin.
Para rawuh ingkang tansah kinurmatan sarta dipun tresnani dening Gusti Allah, wonten paribasan ingkang ngandharaken bilih memitran punika menika saged nambah panjangipun yuswa.
Mugya kanthi adicara punika sageda nyambung tali memitran ugi paseduluran ing nate renggang dados rumaket malih.
Kanthi sambungipun tali memitran ugi paseduluran mugi saged dados sarana tumrap kita nggayuh sedaya kabecikan sarta tebih saking sedaya godha sarta coba.
Pungkasanipun atur, kula minangka ketua panitia ngajab supados adicara ing dinten punika saged lumampah kanthi lancar wiwit purwa dumugi paripurna.
Mugia adicara dinten punika saged migunani sarta paring kabecikan tumrap kita sedaya. Salajengipun kanthi adicara punika kita saged nglebur sedaya kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja ing dinten ingkang minulya punika.
Saderengipun kula pungkasi, menawi wonten tata lampah ugi tata wicara kula ingkang kirang mranani dhumateng manahipun panjeneng, estu kula nyuwun samudraning pangaksami.
Akhirukalam wabillahi taufik walhidayah,
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Baca juga: 4 Contoh Teks Halal Bihalal untuk Sambut Idul Fitri 1446 H, Singkat dan Mudah Dipahami
Idul Fitri 2025
Halal Bihalal
Kata Sambutan Halal Bihalal Idul Fitri
Contoh Kata Sambutan Halal Bihalal Idul Fitri
Kata Sambutan Halal Bihalal Bahasa Jawa
| Cara Cek Hasil Seleksi Administrasi Rekrutmen bersama BUMN 2025,Ini Link dan Jadwal Lengkapnya |
|
|---|
| Contoh Kata Sambutan Halal Bihalal Idul Fitri di Lingkungan Rumah, RT, RW dan Kepala Desa |
|
|---|
| 2 Contoh Kata Sambutan Halal Bihalal untuk di Sekolah, Singkat dan Menarik |
|
|---|
| 7 Contoh Kata Sambutan Halal Bihalal untuk di Tempat Kerja, Singkat dan Mengesankan |
|
|---|
| Kumpulan Ucapan Halal Bihalal Idul Fitri 1446 H untuk Teman Sekolah Hingga Rekan Kerja |
|
|---|
:quality(30):format(webp):focal(0.5x0.5:0.5x0.5)/bengkulu/foto/bank/originals/3-Contoh-Teks-Kata-Sambutan-Halal-Bihalal-dalam-Bahasa-Jawa-yang-Unik-dan-Mengesankan.jpg)
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.