Idul Fitri 2025

3 Contoh Teks Kata Sambutan Halal Bihalal dalam Bahasa Jawa yang Unik dan Mengesankan

Contoh teks kata sambutan Halal Bi Halal dalam Bahasa Jawa yang unik dan mengesankan.

Editor: Yuni Astuti
Canva.com
HALAL BIHALAL - Ilustrasi Halal ,Bi Halal yang diedit menggunakan Canva, Selasa (1/4/2025). Berikut ini rekomendasi kata sambutan Halal Bihalal dalam Bahasa Jawa. 

3. Contoh Kata sambutan Halal Bihalal Bahasa Jawa

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Bapak Kepala Sekolah (nama sekolah) ingkang kinurmatan

Bapak lan ibu guru ingkang kula kurmati

Sarta para kanca ingkang tansah bagya

Langkung rumiyin, monggo ngujukaken raos syukur dumateng Allah SWT. Kanti rahmat lan barokahipun Allah, kita sedaya saget makempal manunggal wonten ing acara halal bihalal (nama sekolah).

Shalawat soho salam mugi-mugi kaunjuk dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang kita tenggo syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir.

Kula minangka ketua panitia ngaturaken sugeng riyadi. Kula ugi nyuwun pangapunten sedaya kalepatan. Mugi-mugi Gusti Allah SWT paring pangapunten lan tansah ngluberaken kabagyan, katentreman, kesarasan, lan kawilujengan dhateng kula lan panjenengan sedaya.

Kula ugi ngaturaken matur nuwun ingkang kathah inggil rawuh panjenengan sedaya wonten acara halal bihalal menika.

Hadirin ingkang dirahmati Allah SWT

Acara halal bihalal inggih menika sarana nglebur dosa. Kula lan panjenengan dados tyang mboten luput saking kelepatan. Amargi menika, kula lan panjenengan saenipun sami-sami ngapuntenaken wonten dinten ingkang bingah menika.

Ing enjing dinten menika, acara halal bihalal badhe dipunisi kaliyan tausiyah dening ustaz (nama). Mugi-mugi pesen-pesen ingkang badhe panjenenganipun aturaken saget manfaat kagem kula lan panjenengan.

Cekap semanten sambutan saking kula. Kula nyuwun pangapunten menawi wonten kelepatan utawi ukanten ingkang kirang kersa. Matur nuwun kawigatosanipun.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

 

Halaman 3/3
Rekomendasi untuk Anda

Ikuti kami di

Berita Terkini

Berita Populer

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved